Rabu, 17 April 2024

Upama Sembrani



Ati kebimbang ngitung lintang
Uga nyawang wulan ing tawang
Tibo kliyang embun kang pasang

Gusti... Upama laku iki Sembrani
Ora lumrah lumaku wayah wengi
Tansah gumebyar ati iki

Nanging,,,, iki raga kebak seru siku
Napak dalan rumpil nyandhung laku
Alum tanpa biso mlayu
Mabur koyo Sembrani namung angen-angenku

Gusti... Panyuwunku
Tumuju jatining gesang ing pengayoman Mu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar